Sabtu, 11 Desember 2010

Mbah Gondo lan sabun Solikin

Ceritane ana wong telu sing urip bareng nang umah gedong sing wis tua. Yaiku Mbah Gondo, trus putune kang jenenge Gemek karo rewang siji kang arane Njeteng. Mbah Gondo iku wong sugih nanging sugihe kuwe amarga tau due garwa anake Kompeni sing duite akeh. Sing marakna beja maning garwane Mbah Gondo kue wis seda 10 tahun miyen. Senajan wis 10 tahun hartane garwane Mbah Gondo ora tau entong di nggo apa bae, saking sugihe Mbah Gondo kuwe, pelite ngudubilah setan karo putune dewek kang arane Gemek.

Beda karo Mbah Gondo, angger Gemek kuwe wonge mata duiten banget. Saben ana barang apik mesti langsung njaluk duwit marang mbah kakunge, ning mbah kakunge ora tau aweh duit marang Gemek amarga pelite kuwe. Let suwe Gemek wegah karo Mbah kakunge kuwe. Ana maning wong siji kang arane Njeteng, Njeteng kue rewange Mbah Gondo kang nggelani. Ning bojone almarhum garwane Mbah Gondo tau pesen aja ngasi ngusir njeteng kang umah. Amarga pesen garwane kue Mbah Gondo ora tau ngomehi Njeteng senajan asline nesu banget karo Njeteng. Rewange Mbah Gondo kue polahe ra genah amarga wong jaman tinggalan jajahan Kompeni.

Mbah Gondo kuwe gaweane mangan turu mangan turu tok kadang angger kepingin ya ngarit nggo aweh pakan weduse. Angger Gemek gaweane shopping marang pasar tuku panganan utawa liyane, Gemek olih duwit seka ngongkon Njeteng njikut duit ning lemarine Mbah Gondo. Amarga gelem diapusi Gemek, Njeteng saben dina gelem njikutna duwite Mbah Gondo sing ana nang lemari. Njeteng saben dina pagaweane umbah-umbah, masak karo resik-resik umah bar kue njeteng nonton iklan nang tipi.







Ana kesempetan Gemek njaluk duit marang Mbah Gondo

Gemek : “Mbah nyong njaluk duwit.”

Mbah Gondo : “Nggo ngapa ?”

Gemek : “Ya nggo tuku apa bae mbah ”

Mbah Gondo : “O…, Ora kena !”

Gemek : “Rika pelit temen mbah…. dijaluki duwit marang putune be kaya kue”

Mbah Gondo : “Mengko angger nyong aweh duit marang ko, mbokan nggo tuku barang ding ora-ora.”

Gemek : “Mbahe curiganan temen.”

Mbah Gondo : “Pokoke angger nyong ngomong ora ya ora !”

Gemek : “Lah… Mbahe lho… ”

Gemek mutung maring mbah kakunge trus ngakon Njeteng njikut duwit nang lemarine Mbah Gondo.

Gemek : “Teng nyong jukutna duit nang lemarine Mbah Gondo.”

Njeteng : “Lah moh lah…, ko nglomboni nyong terus he.”

Gemek : “Nyong kiye ora garep nglomboni ko maning.”

Njeteng : “Temenan ora ?, angger ngapusi awas!”

Gemek : “Iya temenan…, ngana nyong jikutna ndikit.”

Njeteng : “Ya, ngoset.”

Pancen Njeteng gampang diapusi Gemek, bar kue njeteng njikut duwit nang lemarine Mbah Gondo.

Njeteng : “Nyah kiye duwite”

Gemek : “Lah kaya kuwe li…, nyong garep maring pasar, ko titip apa ?”

Njeteng : “Nyong tukokna sabun nggo umbah-umbah sing kaya ning tipi kae, sabun sing teyeng ngumbah dewek mereke Solikin”

Gemek : “Ya… gampang lah…”

Njeteng : “Aja kelalen ya…”

Bar bali tekan pasar Gemek ngewehna sabun sing mereke Solikin mau.

Gemek : “Nyah kiye sabune, arep nggo ngapa jane…?”

Njeteng : “Ya nggo umbah-umbah ka. Apa ko arep adus nganggo soilkin kiye ?”

Gemek : “Ya ora lah…, ko lah di takoni tok be langsung mutung.”

Njeteng : “Lha ko kaya kue tok be leren takon”

Gemek : “Wislah…, nimbang padu suka nyong madang ndikit”

Isuk-Isuke njeteng langsung njajal sabun solikin nggo umbah-umbah jerene nang tipi sabun solikin teyeng umbah umbah dewek. Bar ngecor sabun solikin marang umbah-umbahanne, Njeteng langsung turu maning. Ujuk-ujuk ana sing nggugah Njeteng.

Mbah Gondo : “Teng tangi Teng, wis awan kiye.”

Njeteng : “Ana apa Mbah deneng gugah-gugah ?”

Mbah Gondo : “Ko deneng ora umbah-umbah teng ?”

Njeteng : “Sampun Mbah, kae nang ember sih…”

Mbah Gondo : “Kae si jenenge ngekum tok”

Njeteng : “Umbah-umbahanne lagi di kumbah karo sabun solikin kae Mbah…, Mbahe apa ra ngerti angger sabun solikin teyeng umbah umbah dewek nganggo 10 tangan.”

Mbah Gondo : “Ko jere sapa Teng ?”

Njeteng : “kae nang tipi si mbah… ”

Mbah Gondo : “Oalah Teng…, ko jane kepinteren apa pinter banget ya ?”

Njeteng : “Lha ngapa si Mbah ?”

Mbah Gondo : “Kae sing nang tipi nggo iklan tok Teng, mulane angger ndeleng tipi aja ndeleng iklan thok…”

Njeteng : “trus nyong kon kepriwe mbah ?”

Mbah Gondo : “Ya mage di umbah, mbokan ora kena panas.”


Karo mandan mutung marang majikane Njeteng umbah umbah. Dina liyane, Njeteng ngomong karo Gemek angger Njeteng arep wadul maring Mbah gondo angger awake dikon njukut duwit nang lemari karo Gemek.

Njeteng : “Nyong garep wadul maring Mbah Gondo lah....”

Gemek : “Arep wadul apa ?”

Njeteng : “Angger nyong dikon terus karo ko njikut duit nang lemarine Mbah Gondo.”

Gemek : “Ka deneng wadul, anu ngapa ?, nyong mbokan ora nglomboni ko maning ?”

Njeteng : “Lha kae ko tuku sabun sing palsu.”

Gemek : “Palsu kepriwe ?, nang wadahe ana tulisane Solikin mbok ?, lha kae sing dipesen karo ko mbokan ?”

Njeteng : “Iya, ning deneng sabune ka ora teyeng ngumbah dewek.”

Gemek : “Ya iya…, wong sabun ya ra teyeng ngumbah dewek”

Njeteng : “Lha kae nang tipi, bar dicor sabune deneng umbah-umbahanne langsung resik kabeh ?”

Gemek : “Lah jan, kae li nggo promosi tok…, sing nglomboni ko tipine kue udu nyong !”

Amarga Njeteng ngeyel bae, Gemek ninggal lunga Njeteng.

Njeteng : “Tak omong na temenan lah….”

Gemek : “Ngana nyong ra wedi.”

Njeteng wadul temenan marang Mbah Gondo.

Mbah Gondo : “Ngapa maning ko ?, arep ngomong ko nduwe sabun sing aji maning ?, ngana sabune nggo ngumbah raine ko ngasi mencling.”

Njeteng : “Ora…, kae lho mbah…, nyong jane saben dina di kon karo Gemek kon njikut duite ko Mbah”

Mbah Gondo : “Apa ?, ra mungkin putune nyong kaya kue mesti ko njikut nggo awake ko dewek.”

Njeteng : “Ora mbah temenan, jajal deleng bae saben dina Gemek menyang pasar mbok ?, lha kae nggone sangu li ngaggo duite ko Mbah…”

Mbah Gondo : “Kurang ajar kae bocah !”

Njeteng : “Mulane…, domehi bae kae Mbah.”

Karo nesu Mbah Gondo ngomong karo Gemek.

Mbah Gondo : “Ko sing cokan ngongkon Njeteng njikut duit nang lemari ya ?!”

Gemek : “Ora ka mbah…”

Mbah Gondo : “lha kue ko ulih duit nggo menyang pasar olih kang ndi ?!”

Gemek : “Ya…, nyelengi Mbah.”

Mbah Gondo : “Ko ngaku bae karo nyong…, aja ngapusi wong tua ngko kualat lah ndais.”

Gemek : “Ya nyong ngaku Mbah, lha… rika pelit banget si Mbah karo nyong, mulane nyong ngongkon Njeteng nggo njikut duite.”

Mbah Gondo : “Lah ngaku bae li nggenah… Ya, ngesuk aja di baleni maning ya ?.”

Gemek : “Tapi Mbahe aja pelit maning maring nyong ya…”

Mbah Gondo : “Iya, mulane angger ko njaluk duit sing jujur nggo ngapa, dadine nyong ora wegah aweh maring ko”

Gemek : “Iya Mbah, nah kaya kue li… karo putune…, aja pelit-pelit.”

Mbah Gondo : “O…, ra tak wehi dit sisian angger ko ngomong pelit karo nyong.”

Gemek : “Iya ngapura mbah”

Amarga sabun Solikin kue mbah Gondo karo Gemek ora pelit maning. Lan uripe Mbah Gondo makmur karo putune sing arane gemek, karo rewange sing ngeyelan sing arane Njeteng.



TAMAT

Tidak ada komentar:

Posting Komentar